Bismillah hirrohma nirrohkhim
Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh…
Kula nuwun.
Dumateng Ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh,
para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur,
pono ing pamaos ingkang pantes kinormatan, saha dipun mulya aken dening Allah SWT.
wabil khusus ing ngarsanipun bapa slamet sekalian ibu, soho rombongan besan saking tlatah sanggang sukoharjo makmor ingkang pantes pinundhi..
Para tamu kakung sumowono potri ingkang pantes sinudharsono,
Para kadang werdho, mudo taruno, ing tlatah perum delta graha ingkang tansah kulo tresnani.
Minangko purwakaning atur, sumonggo kulo derekaken tansah ngunjukaken,
poji-puji syukur dumateng ngarso dalem Alloh SWT,
ingkang sampun paring nikmat saha rohmat dumateng kulo saha panjengenan,
katitik wonten ing ri kalenggahan puniko, kulo saha panjenengan saged kempal manunggal,
nuhoni, punopo ingkang dados hajatipun bopo hendi sekalian ibu esih,
kanti wilujeng nir ing sambi kolo.
Saklajengipun Sholawat sarto salam, mugi tansah kunjuk dumateng ngarsanipun junjungan kulo panjenengan sedoyo,
nabi agung, Muhammad, SAW
ingkang kulo saha panjenengan tenggo menggah syafaat ipun ing yaumil akhir.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinu dharsono,
Sakderengipun kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo,
mbok bilih kulo cumanthoko ngadeg ing mriki,
mboten sanes kulo hamung, Nuhoni
dhawuh ipun ingkang mengku damel Bopo. hendi sekaliyan ibu esih,
kinen hangaturaken rantaman-ning adicara pawiwahan Tasyakuran walimatul urs Bagus Hendra Lesmana kaliyan Roro Putri Setyaningsih,
ingkang sampun kalampahan ijab qobul ipun, dinten : Setu pahing antawis tabuh 08.00 wekdal Indonesia iring kilen, surya kaping 7 februari 2026 mapan wonten ing tlatah sanggang sukoharjo makmur.
Para tamu kakung, sumowono putri ingkang pantes sinudharsono,
Wondene rantamaning adicara wonten ing pahargyan "Tasyakuran Walimatul urs " siang puniko nun inggih;
Ingkang sepisan atur pambuko,
Kalajengaken adicara ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang badhe dipun waos aken dening panjenenganipun bopo ustad Abdurrahman
Adicara ingkang ongko tigo nun inggih atur pasrah-panampi pinanganten.
Adicara ingkang ongko sekawan nun inggih - ngaso sawetawis, sinambi juru foto kaliyan juru ladi
Adicara ingkang ongko gangsal nuninggih atur pambagya raharjo saking keluargo ageng bapa hendi dumateng para tamu.
Adi cara ingkang ongko enem nun inggih mau’idhoh hasanah kalajeng pandongo ingkang insyaAllah kawedar dening panjenenganipun romo kiyai Saifudin Masykuri
Adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan,
makaten sawetawis rancangan lampah-lampahing pahargyan tasyakuran walimatul urs, bagus Hendra Lesmana kaliyan rara Putri Setyaningsih ing siyang punika.
Mugi sedaya tansah manggih wilujeng tanpa alangan setunggal menapa,
jumbuh kang ginayuh, manggih raharja.
Ing salajengipun mugi lenggahipun,
kanthi mardika ngantos paripurnaning pahargyan kanthi suka reno.
Nuwun.
1. Pambuko,
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan.
Sumonggo adicara wonten ing ri kalenggahan puniko,
dipun bikak kanti waosan suratul Fatikhah,(katur dumateng ibu bapak ingkang gadahi keyakinan sanesipun kasuwun jumbuhaken kaleh keyakinan nipun piyambak2) , kanti pangajap mugi pahargyan wonten ing siang puniko tansah pinayungan rahmatipun Alllah SWT.
ngala hadhihin niyah
wa ‘ala kulli niatin sholihah, Alfatikhah…..
2.Waosan ayat-ayat suci Al Quran
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes kinabehten, wondene adicara saklajengipun nuninggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang badhe dipun waos aken panjenganipun ustad Abdurrohman, dumateng panjenenganipun ustad Abdurrohman Kulo sumanggaaken, sumonggo….
Mekaten menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang sampun paripurna,
mugi tansah paring kaberkahan dumateng kulo saha penjenengan,
langkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit..
amin.amin alluhumma amin.
3.Pasrah-panampi pinanganten
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinu darsono,
Adicara ingkang ongko tigo nun inggih atur pasrah-panampi pinangan ten putri,
wondene atur pasrah saking, keluargo besan bopo (parman sekalian ibu marsi)
kasariro dening panjenganipun bapa (…....................….)
kasumbul dening bopo .....................kaliyan bopo ...................,
Saha atur panampi saking keluargo Bopo Hendi sekalian ibu esih. kasariro dening panjenganipun bopo (Eko Suparyono, S.PD)
kasumbul dening bopo Azis Muin, kaliyan adhimas Sayid Umar basri
Dumateng para ingkang sampun kasebat asmonipun,
kulo aturi jengkar saking sasono palenggahan tumuju wonten ing sasono pangendikan…
sumonggo….
(acara)
Mekaten atur pasrah pinanganten putri saking bapa parman
ingkang sampun kasariro dening panjenenganipun bapa (…............... ….) ,,
selajeng ipun atur panampi sakingbopo hendi,
ingkang badhe kasariro dening panjenenganipun bapa Eko Suparyono, S.Pd.,
saklajeng ipun dumateng panjenganipun bopo eko suparyono, s.pd, kulo semanggaaken, ........sumonggo….
(acara)
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten prosesi pasrah saha panampi sampun kalampahan kanthi lancar lan khidmat.
Mugi pasrahing sri panganten putri saha panampi saking kulawarga kakung punika,
dados pralambang manunggaling kalih kulawarga ageng,
tansah kaparingan rukun, rahayu, saha berkah.
4. ngaso sawetawis
Para tamu kakung sumawono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara ingkang saklajengipun nun inggih ngaso sawetawes,,,..
Kangge njangkepi pahargiyan
ing Wekdal punika badhe dipun-ginakaken kanggé foto sesarengan kaliyan sri penganten,
sakjroning penganten taksih seger, ugi taksih jembar eseme....
dumateng juru foto kasumangga aken.
saklajengipun
Dumateng para kadang mudho taruno saha juru ladi mugio kerso mratelakaken ubomrampe nipun, ing pangajab saged ndados aken regeng ing pahargyan siang puniko.
sinambi para tamu kakung sumowono putri nyrantos juru ladhi ngaturaken kewajibanipun, adicara sakmeniko badhe dipun regeng aken ugi kaleh Group Hadroh Madihul Mustofa,
Saking masjid Al mustajabah, Nusukan Surokarto,
saklajeng dumateng tim Hadroh …………., kulo sumangga aken, sak cekapipun. ingkang bade dipun ambali kanthi waosan Qiroah, Sumonggo…
<Snack, soup keluar>
5. Atur pambagya
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara ngaso dipun cekapaken semanten rumiyin,
kalajeng aken adicoro saklajengipun nun inggih atur,
pambagya harjo saking keluargo ageng bapa hendi dumateng para tamu.
Atur pambagyo harjo, sakmangke badhe kasarira dening panjenganipun bapa Drs. Widodo,
kasumbul bopo Padma, kaliyan bopo Hidayat.
Dumateng para ingkang sampun kasebat asmonipun, kulo aturi jengkar saking sasono palenggahan tumuju wonten ing sasono pangendikan,
sumonggo.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur pambagya sampun kasampurnak aken kanthi sae.
Mugi sedaya pangajab lan panyuwunan ingkang ka aturaken saged kaparingi rahayu lan berkah kanggé penganten kalih saha kulawarga ageng.
6. Mau’idhoh hasanah
Para tamu kakung sumawono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicoro saklajengipun nun inggih Mau’idhoh hasanah dipun lajeng aken pandongo ingkang bade dipun wedar dening panjenganipun almukarom bopo kiyai Saifudin Masykuri,
dumateng almukarom romo kiyai Saifudin Masykuri, kulo sumangga aken ,
sakecekap ipun kirang langkung ....... menit utawi dipun cekapi sakedereng ipun sholat ashar antawis tabuh 15.00 wedal indonesia kilen, sumonggo….
<Disela-sela pengaosan dan sebelum doa, juru ladi membagikan makan..>
(acara)
Para tamu kakung somowono putri ingkang dahat kinormatan,
Mekaten menggah mau’idhoh hasanah ingkang sampun
kawedar dening romo kiyai Saifudin Masykuri mugi saged nambahi kaimanan, saha ,
katakwaan kulo saha panjenengan sedoyo,
langkung-langkung dumateng sri pinanganten sarimbit,
ingkang badhe bale wismo saha bebrayan agung.
7. Penutup
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Mekaten menggah lampahipun
adicara wonten ing pahargyan
ri kalenggahan puniko sampun paripurno,
kulo minongko pranoto adicara mbok bilih anggen kulo matur kirang trapsilo
soho kirang subosito kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo.
Monggo sareng-saremg pahargyan ing ri kalenggahan puniko,
dipun tutup kanti waosan hamdalah.. sreng-sareng .
Alhamdulillahirobbil ‘alamii,
Ing wasana wilujeng konduripun dumugi dalem sowang-sowang
kanthi asesanthi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum wrwb Nuwun.
Saking kulo cekap semanten, akhirul kalam, wassalamu’alaikum Wr Wb.
((nyuwun sewu dumateng para tamu kakung sumowono putri kulo suwun pinarak sak wetawis, ngrantos juru ladhi ingkang badhe ngaturaken daharan dumateng para tamu))
sinambi ngrahapi uborampe ingkang sampun kasamapatkaken
Sagung tamu ingkang minulya, mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam, rinakit dening kulawarga. Mugya sageda lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, purwa-madya tumuju ing wasana.. Nuwun, kula kuwun..