Bismillah hirrohma nirrohkhim
Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh…
Kula nuwun.
Dumateng Ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh,
para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur,
pono ing pamaos ingkang pantes kinormatan saha dipun mulya aken dening Allah SWT.
wabil khusus ing ngarsanipun Bopo Kyai Saifudin Maskuri
Ingkang dipun tenggo menggah mau’i dhoh khasanahipun.
dumateng bapa slamet sekalian ibu, soho rombongan besan saking tlatah sanggang sukoharjo makmor ingkang pantes pinundhi..
Para tamu kakung sumowono potri ingkang pantes sinudharsono,
Para kadang werdho, mudo taruno, ing tlatah perum delta graha ingkang tansah kulo tresnani.
Minangko purwakaning atur, sumonggo kulo derekaken tansah ngunjukaken,
puji syukur dumateng ngarso dalem Alloh SWT ingkang paring nikmat saha rohmat dumateng kulo saha panjengenan, katitik wonten ing ri kalenggahan puniko kulo saha panjenengan saged kempal manunggal,
nuhoni punopo ingkang dados hajatipun bopo hendi sekalian ibu esih, kanti wilujeng nir ing sambi kolo.
Saklajengipun Sholawat sarto salam, mugi tansah kunjuk dumateng ngarsanipun
nabi agung, Muhammad SAW
ingkang kulo saha panjenengan tenggo menggah syafaatipun ing yaumil akhir.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinu dharsono
Sakderengipun kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo,
mbok bilih kulo cumanthoko ngadeg ing mriki,
mboten sanes kulo hamung,
Nuhoni dhawuh ipun ingkang mengku damel Bopo. hendi sekaliyan ibu esih,
kinen hangaturaken rantaman ning adicara pawiwahan Tasyakuran walimatul urs BAGUS Hendra Lesmana kaliyan RARA Putri Setyaningsih
ingkang sampun kalampahan ijab qobul ipun, dinten : Setu pahing antawis tabuh 08.00 wekdal Indonesia iring kilen enjing, surya kaping 7 februari 2026 mapan wonten ing tlatah sanggang sukoharjo makmur.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudharsono
Wondene rantamaning adicara wonten ing pahargyan "Tasyakuran Walimatul urs " siang puniko nuninggih;
Ingkang sepisan atur pambuko,
Kalajengaken adicara ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang badhe dipun pratitis aken dening panjenenganipun ustad Abdurrahman
Adicara ingkang ongko tigo nun inggih atur pasrah-panampi pinanganten kakung. Wondene atur pasrah saking bopo (Slamet) sakmangke badhe kasalirani dening panjenenganipun bapa (……………………….. kaapit),
wondene atur panampi saking bapa (hendi) sakmangke badhe kasalirani dening bapa (Suratna, S.Pd, M.Pd)
Adicara ingkang ongko sekawan nun inggih sumene/istirahat
Adicara ingkang ONGKO gangsal nuninggih atur pambagya raharjo saking keluargo ageng bapa hendi dumateng para tamu ingkang sakmangkih badhe kasalirani dening panjenganipun bapa Eko Suparyono, S.Pd
Adi cara ingkang ongko enem nun inggih mau’idhoh hasanah ingkang insyaAllah kawedar dening panjenenganipun rama kiyai Saifudin Masykuri
Adi cara ingkang ongko pitu nun inggih hastungkoro/ panDongo
Adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing Suka basuki,
makaten sawatawis rancangan lampah-lampahing pahargyan BAGUS Hendra Lesmana kaliyan RARA Putri Setyaningsih ing siyang punika.
Mugi sedaya tansah manggih wilujeng tanpa alangan setunggal menapa, jumbuh kang ginayuh manggih raharja.
Ing salajengipun mugi lenggah kanthi mardika ngantos paripurnaning tata cara pahargyan kanthi suka rena. Nuwun.
Pambuko,
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan.
Sumonggo adicara wonten ing ri kalenggahan puniko dipun bikak kanti waosan suratul Fatikhah, kanti pangajap mugi pahargyan wonten ing siang puniko tansah pinayungan rahmatipun Alllah SWT.
ngala hadhihinniyah wa ‘ala kulli niatin sholihah, Alfatikhah…..
Waosan ayat-ayat suci Al Quran
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes kinabehten, wondene adicara saklajengipun nuninggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang dipun pratitisaken panjenganipun ustad Abdurrohman, dumateng panjenenganipun ustad Abdurrohman Kulo sumanggaaken, sumonggo….
Mekaten menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang sampun paripurna, mugi tansah paring kaberkahan dumateng kulo saha penjenengan, langkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit.. amin.amin alluhumma amin.
Pasrah-panampi pinanganten
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudarsono,
Adicara ingkang ongko tigo nun inggih atur pasrah-panampi pinanganten kakung,
wondene atur pasrah saking bopo (ayah penganten putri) kasalirani dining panjenganipun bapa (…….). saha atur panampi saking Bopo Hendi sekeluarga.) kasalirani dening panjenganipun bapa (Drs. Widodo) ,
Dumateng para ingkang sampun kasebat, kulo aturi jengkar saking sasono palenggahan tumuju wonten ing sasono pangendikan… sumonggo….
(acara)
Mekaten atur pasrah pinanganten putri saking bapa (……) ingkang sampun kasalirani dening panjenenganipun bapa (…….) ,, selajengipun atur panampi saking bapa (…………………………..) kasalirani dening panjenenganipun bapa (…………………..) , dumateng panjenganipun kulo semanggaaken, sumonggo….
(acara)
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara ingkang saklajengipun nun inggih istirahat,
Dumateng para kadang mudho taruno saha juru ladhi kulo sumanggaaken ngaturaken kewajibanipun, ((sinambi para tamu kakung sumowono putri nyrantos juru ladhi ngaturaken kewajibanipun, adicara sakmeniko badhe dipun regengaken kaleh pito suoro, dumateng bopo saking tim pito suoro …………., kulo sumangga aken. Sumonggo…
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara isrtirahat dipun cekapaken semanten, kalajengaken adicoro saklajengipun nuninggih Mau’idhoh hasanah ingkang bade dipun babar dening panjenganipun almukarom room kiyai ,,,,…………… dumateng almukarom rama kiyai …………., kulo sumangga aken , sumonggo….
(acara)
Para tamu kakung somowono putri ingkang dahat kinormatan,
Mekaten menggah mau’idhoh hasanah ingkang sampun kaaturaken dening rama kiyai …….. mugi saged nambahi kaimanan saha katakwaan kulo saha panjenengan sedoyo, lamgkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit ingkang badhe bale wismo saha bebrayan agung.
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Mekaten menggah lampahipun adicara wonten ing pahargyan ri kalenggahan puniko sampun paripurno, kulo minongko pranoto adicara mbok bilih anggen kulo matur kirang trapsilo soha kirang subosito kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo. Monggo pahargyan ing ri kalenggahan puniko dipun tutup kanti waosan hamdalah.. kulo derekaken .Alhamdulillahirobbil ‘alamii,
Saking kulo cekap semanten, akhirul kalam, wassalamu’alaikum Wr Wb.
(( nyuwun sewu dumateng para tamu kakung sumowono putri kulo suwun pinarak sak wetawis, ngrantos juru ladhi ingkang badhe ngaturaken daharan dumateng para tamu))
sinambi ngrahapi uborampe ingkang sampun kasamapatkaken